Aku kelingan nate maca yen pira-pira mitra nganggo basa kanggo ngudarake panemu, namung adedhasar pengalaman isih akeh maneh sing bisa dilakoni nganggo basa. Tata wicara pengusaha kudu melu aturan sing luwih setithik lan luwih gampang tinimbang fungsi liyane. Aturan-aturan kuwi yaiku: Duwe bahan sing bakal diomongke. Ngomonga. Mandheg nggone ngomong. Miwiti sadurunge kowe mangerteni apa sing bakal kok omongke lan terus wae sabanjure ngomong bisa gawe sodagar kena jerat ukum utawa dadi bangkrut. Aku duwe departemen ukum ning kene, sanajan larang, tapi sumbut kanggo ngadohake saka perkara ukum. Ora dadi ngapa nalika kowe ngundang kenya utawa omong karo para mitra sawise mangan bengi terus ngomong-ngomong kaya ekskursi sekolah Minggu, kadang rada dikembangi omongane; anannging ing kantor ukaramu kudu saisane kudu cendhak. Mandhega saka perkenalan dan pidato mbulet, lan mandhega sadurunge dadi mbulet. Ngomongo kaya khutbah cendak yen pingin dirungokke wong-wong kang duweni dosa; lan para paderi uga orang pingin ngomong dawa-dawa. Wenehana pambuka kanggo wong-wong bodo lan pamungkas kanggo para wanita. Daging kuwi tansah ana tengahe roti isi. Ya pancen bisa ditambahi mentega setithik ing ngarep buri yen seneng mentega. Uga elinga yen pancen luwih gampang katon wicaksono tinambang ngomongake kawicaksanan. Ngomongo luwih setithik tinambang wong liya, lan luwih akeh ngrungokake tinimbang wicara; sabab nalika ngrungokake kitha ora crita awake dewe lan ngajak wong liya nyritaake deweke. Dadhekake akeh pria wong sing ngrungoake lan wanita sing nyathet, yekti bakal crita kabeh sing diweruhi. Dhuwit iso ngomong -- tapi mung yen sing duwe wis ora bisa ngomong, lan omongan-omongane bakal nglarakke ati. Melarat iku ya bisa ngomong, tapi ora bakal ana sing ngrungokke.
| Entry #8818
|